Jawaban: D
14. Mas, sampeyan mengko didhawuhi bapak menyang daleme pakdhE. Tataran basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku...
A. krama
B. ngoko
C. ngoko alus
D. krama alus
E. madya lugu
Jawaban: C
15. Bapak nembe kemawon...kula mboten wantun nggigah. Ganepe ukara kasebut kang trep yaiku...
A. tilem
B. turu
C. sare
D. bobok
E. merem
Jawaban: C
16. Kula sampun.....menawi boten saged ndherek. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku...
A. ngomong
B. kandha
C. matur
D. ngendika
E. ngucap
Jawaban: C
17. Ukara-ukara ing ngisor iki luput unggah-ungguhing basa, kajabA...
A. Eyang sakit waja sampun tigang dinten
B. Putranipun Bu Nanik dipuntampi wonten UGM
C. Kula badhe tindak dhateng Madiun
D. Ageman kula sampun kanthah
E. Adhik dhahar pisang goring
Jawaban: B
18. Cerkak kabentuk saka unsur-unsur intrinsik kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajabA...
A. latar
B. kondisi sosial
C. penokohan
D. tema
E. plot
Jawaban: B
19. Gagasan utawa pesen kang pengin dituturake dening pangripta sajrone cerkak yaiku…
A. alur
B. tema
C. paraga
D. amanat
E. latar
Jawaban: D
20. Unsur kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani…
A. panggonan
B. latar
C. paraga
D. alur
E. tema
Jawaban: B